AMBARAWA
Nalikane desa Banarawa kang manggon ono ereng-erenge gunung Merbabu arep nganake bersih desa. Adat saben sadurunge upacara brsih desa, wong-wong lanang ing kono padha mbebedag (golek kéwan ono alas). Ing dina iku wiwit esuk nganti meh sore sing padha golek kéwan menyang alas durung oleh kewan siji-sijia. Wong-wong wis padha kesel. Ana ing pucuking gunung Merbabu padha leren, lungguh lan ngudarasa ana opo dina iki mau. Biasane kéwan akeh kok dina iki mau babar pisan ora ono siji-sijia. Sinambi lungguh ana sing mbacokake gamane ing oyot sing diluguhi. Kaget ana oyot kok tlutuhe abang kaya getih. Banjur disetitekake jebul oyot mau daging ula. Ngerti iku banjur rame-rame padha dicoweli, diwadhahi digawa mulih. Wong-wong padha seneng atine dene anggone mbebedhag oleh asil. Manut crita ula mau awake Baru Klinthing sing nglakoni penjaluke Ki Ajar Salokan, kang supaya Baru Klinthing nglekeri pucuke gunung Merbabu.
Nalika mulih wong-wong mau ora ngerti yen ditutake bocah Bajang. Esuke iwak mau padha dimasak. Wancine matengan, bocah bajang mau banjur mlebu omahe warga nembung njaluk pangan. Nanging nganti nembung ora siji-sijia sing menehi, malah bocah mau disia-sia.
Bocah bajang mau mlebu ing omahe mbok randha, njaluk pangan mbok randha, banjur njupukake sepincuk lan sairis iwak. Sega dipangan nanging iwake ora dipangan. Bocah mau banjur pamit arep nonton wayang, nanging sadurunge ninggalake Mbok Randha pesen "mbok mangkeh wonten banjir, panjenengan numpak lesung kalian mbenta enthong"
Tekan plataran sing kanggo nggunakake upcara bersih-bersih desa wis akeh bocah-bocah cilik padha dolanan. Bocah mau melu dolanan, nanging disia-sia. Banjur Baru Klinthing ngenekake sayembara "Mbedhol Sada". Kabeh bocah melu banjur sajak nyepelekake karo nyaut sada sing ditancepake ing latar. Wong-wong tuwa gumun lan padha melu mbendhol nanging ora ono sing kuwat. Swasana saya tintrim. Baru Klinthing kandha, lek wong Banarawa sing ora ngerti marang kabecikan sepadkna!" sada dicabut kanthi gampanh, banjur ing kono mrempul banyu. Saya suwe saya gedhe lan banter nganti desa Banarawa kelep, lan ora ana wong sing bisa slamet kajaba Mbok Randha. Mula desa Banarawa mau wis dadi segara, banjur diwenehi jeneng Ambarawa.
Mankono critane....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar