Jumat, 26 Februari 2016

Cerita rakyat bahasa jawa CERITA CALON ARANG

Calon Arang

Nalika Prabu Airlangga jumeneng nata ing tanah Jawi,  wonten satunggaling pandhita nama Empu Baradhah,  gadah anak estri nama Wedawati.  Wanci umur 11 taun Wedawati dipun tilar pejah biyungipun. Empu Baradhah lajeng rabi malih,  lan gadhah anak jaler.
Wedawati boten betah tumut biyung kawalonipun, lajeng kesah dhateng kuburanipun biyungipun,  dipunjak boten purun. Wedawati lan Empu Baradhah lajeng damel griya ing kuburan lan dudunung ing ngriku.
Sawijining dinten,  tiyang sanagati kenging sesakit. Sakit enjing, sonten pejah,  sakit sonten, enjing pejah. Sang Prabu nimbali para nujum, kadhawuhan mriksa punapa sebab sesakit wau. Para Nujum matur,  sadaya kalawau saking padamelipun randa ing dhusun Girah. Nama randa wau Calon Arang,  gadah anak prawan ingkang ayu,  nam Ratna Manggali. Nanging emanipun,  boten wonten tiyang ingkang purun nakekaken Ratna Manggali,  awit sang ibu misuwur,  manawi gadhah pedamelan awon,  remen neluh tiyang.
Calon Arang panas manahipun dene anakipun boten pajeng,  punika sababipun piyambakipun lajeng masang teluh kangge tiyang sanagari.
Sang Prabu utusan punggawa ngrabasa dhateng Girah, nanging prajurit kawon sadaya lan kathah ingkang tewas. Sasakit saya andados. Sang Prabu lajeng nyuwun pitulungan dhateng Empu Baradah,  supados nyirnakaken Calon Arang.
Empu Baradhah sagah,  lan ngutus muridipun nama Empi Bahula, kapurih nakekaken Ratna Manggali. Saestu Ratna Manggali dados bojonipun Empa Bahula. Salebetipun wonten dhusun Girah, Empu Bahula nyepiyun marasepuhipin, wasana kitabipun Calon Arang kenging kabekta dening Empu Bahula,  lajeng kaaturaken dhateng Empu Baradhah.
Sesampunipun nampi kitab wau, Empu Baradhah lajeng tindak dhateng dhusun Girah. Calon Arang dipun leh-lehaken awit sampun tumindak awon, temahan sang randha dipun pejahi dening Empu Baradhah,  satilaripun Calon Arang, sasakit lajeng sirep lan ical babar pisan.
Kawontenan nagari sampun pulih kados sewaunipun, Prabu Airlangga kersa badhe amandhita,  putranipun kaleh badhe kajumenengaken ratu sadaya, satunggal wonten ing tanah jawi, satunggalipun wonten ing Pulo Bali,  mundhut lilah dhateng pandhita ing Bali, nama Empu Kuturan. Nanging Empu Kuturan boten maringi lilah, wasana tanah jawi lajeng kepalih. Ingkanh sepalih,  dipun paringaken putra sepuh, lan ingkang sepalih kaparingaken putra ingkang nem. Sang Prabu sepuh lajeng amandhita, ajejuluk Sang Jatiningrat.
Nalika Empu Baradhah tindhak dhateng Bali, punika anggenipun nyabrang supitan Banyuwangi nitih ron kluwih satunggal. Sareng wangsulipun ugi badhe makaten malih naninging ron kluwihipun nalika badhe dipun tumpaki pijer kelem-kelem kemawon. Sang Baradhah kalawaunipun, kasupen boten pamitan dhateng Empu Kuturan, sareng wangsul pamitan, lajeng saged nyabrang mangilen, kanthi nitih ron kluwih malih.
Dangu-dangu putranipun Prabu Airlangga kalih punika rebatan wates, Empu Baradhah kadhawuhan misah kekalihipun,  lajeng netepaken ing kerajaan kalih wau.

4 komentar:

  1. Buat cerita panjang2 capek tau

    BalasHapus
  2. Makasih yah
    Walaupun ceritanya panjang dan aku ada yang ngga ngerti tp makasih dah ngebantu
    Makasih

    BalasHapus